Geguritan
Geguritan Geguritan uga diarani puisi modern. Geguritan iku minangka asline cipta rasa, lan karsa kang tinulis mawa tembung kang pantes lan basa kang runtut. Maca geguritan kudu bisa mangerten isine. Supoyo bisa mangerteni.geguritan bisa digancarake dadi parafrase. Parafrase yaiku proses ngowahi utawa nyaritakake maneh geguritan dadi wujud paragraf kang luwih cetha. Titikane geguritan yaiku : Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan Tetembungane pilihan Sajak pungkasane bebas. Ora kaiket mawa paugerane gumathok kaya dene geguritan Contoh geguritan: Kanggo Kanca Biyen, tanganmu genggem tanganku Biyen, pundakmu enek kanggo aku nangis Biyen, guyumu nentremke atiku Nanging saiki…. Tangan, pundak, guyumu ilang saka uripku Kanca-kancaku kabeh,bayangna Apa sajatining kahanan sajroning dunya Yen ora ana welas lan asih Ora ana uga kekancanan tanpa pamrih Ing sakjroning manah atiku Aku ngrasakna k...