Geguritan
Geguritan
Geguritan uga diarani puisi modern. Geguritan iku minangka asline cipta rasa, lan karsa kang tinulis mawa tembung kang pantes lan basa kang runtut. Maca geguritan kudu bisa mangerten isine. Supoyo bisa mangerteni.geguritan bisa digancarake dadi parafrase. Parafrase yaiku proses ngowahi utawa nyaritakake maneh geguritan dadi wujud paragraf kang luwih cetha.
- Titikane geguritan yaiku :
- Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan
- Tetembungane pilihan
- Sajak pungkasane bebas.
- Ora kaiket mawa paugerane gumathok kaya dene geguritan
- Contoh geguritan:
Kanggo Kanca
Biyen, tanganmu genggem tanganku
Biyen, pundakmu enek kanggo aku nangis
Biyen, guyumu nentremke atiku
Nanging saiki….
Tangan, pundak, guyumu ilang saka uripku
Kanca-kancaku kabeh,bayangna
Apa sajatining kahanan sajroning dunya
Yen ora ana welas lan asih
Ora ana uga kekancanan tanpa pamrih
Ing sakjroning manah atiku
Aku ngrasakna kepengin ngamuk wektu iku
Kanca lan kancaku
Elinga rasa atiku iki
Jaganen rasaning welas asih iki
Bermanfaat
ReplyDelete👍👍
ReplyDeleteNtaps
ReplyDeleteMantap
ReplyDelete