Seni tradisional



Seni tradisional


     Seni tradisional yaiku unsur kesenian kang dadi perangan urip masyarakat ing sajroning kaum/puak/suku/bangsa tartamtu. Dikarepake tradisional amarga aksi lan solah bawane sing metu alamiah kabutuhan e saka nenek moyang kang wis sumare. Tradhisi kalebu perangan tradisional nanging bisa uga amergo masyarakat ora gelem ngetut anane tradhisi mau. Ing ngisor iki 5 seni tradisional kang melu nyengkuyung ewoning khasanah seni sandiwara lan beksa ing Indonesia. :

1 wayang

       Wayang yaiku seni pagelaran asli Indonesia kang ngrembaka ing pulo Jawa lan bali. UNESCO, lembaga kang kawogan ing babagan kebudayaan saka PBB, rikala tanggal 7 November 2003 netepake Wayang minangka pagelaran gelokan paling kondhang saka Indonesia

Ludruk

       Ludruk yaiku Kesenian sandiwara tradisional saka Jawa wetan. Ludruk minangka Sawijineng sandiwara tradisional kang diperagakake deneng Sawijineng grub Kesenian kang digelar ing Sawijineng panggung kanthi njupuk crita bab lelakone urip saben dinane. 

3 lenong 

       Lenong yaiku teater tradisional betawi. Kesenian tradisional iki di iringi musik gambang kromong kanthi alat² musik kayata gambang, kromong, gong, kendhang, kempor, Suling, lan kecrekan, sarta alat musik unsur Tionghoa kayata tehyan,konghyang,lan sukong. 

4 kethoprak

      Kethoprak yaiku saemper seni pentas kang asal e saka jawa. Ing sajroning pentas kethoprak, sandiwara kang diselingi kanthi lagu Jawa, kang di iringi Gamelan. Tema crita ing Sawijineng kethoprak biasane njupuk saka crita legenda utawa sejarah Jawa. 

5 Mak Yong

     Mak Yong yaiku Sawijineng seni teater tradisional masyarakat melayu kang nganti saiki isih di senengi lan karep dipentasake minangka sandiwara tari sajroning forum internasional. 

Comments

Post a Comment