Adat istiadat

Ruwatan

     Ruwatan kuwi asale saka tembung ngeruwat sing teges e yaiku ngopeni. Dene upacara ruwatan kuwi nduweni teges ngresiki, lan nyucekake manungsa saka kasusahane batin kanthi upacara kang biasane dikantheni nganggo nanggap Wayang purwa, kanthi lakon "murwakala ". Ruwatan iku salah siji neng upacara adat Jawa sing tujuan kanggo ndongakake manungsa, utawa wilayah saka ancaman bebaya. Inti upacara ruwatan iki sejatine ndonga, nyuwun pengayoman marang gusti Allah saka ancaman bebaya umpamane bencana alam lan liane, uga ndonga nyuwun Pangapuraning dosa dosa lan kaluputan kaliputan sing wis di lakoni, sing bisa nyebabake bencana utawa sing di anggep bakal nuwuhake sial

 Jenis ruwatan:

1. Ruwatan kanggo awak e dhewe
       Ruwatan kanggo awake dhewe kui nduweni tujuan kanggo ngresiki salah siji uwong sing di anggep bakal sial, utawa wis gawe dosa. Biasane mung di tebus nganggo mertapa, pasa, utawa nganakake slametan

2.  Ruwatan kanggo lingkungan
       Ruwatan sing kanggo lingkungan, upamane omah. Tujuane manehi pager ghaib,Kanggo nolak bala.

3. Ruwatan kanggo daerah
        Ruwatan dhaerah iku kanggo nolak bencana utawa bebaya ing dhaerah. Biasane nanggap Wayang purwa sing dilakoni wayah bengi. Tujuane liyane yaiku dedongan supaya dhaerah kang di ruwat kuwi makmur, ayem, lan tentrem. 

Kamus cilik:
1. Ngeruwat : ngopeni
2. Bebaya      : bahaya
3. Ghaib        : alus 
4. Sial            : nasib kang orak apik
5. Nuwahake : ndadekake 
6. Asipat       : nduwe sipat 
7. Pengayoman : perlindungan
8. Kaluputan : kesalahan
9. Tumbal     : kurban
10. Ala          : elek

Comments

Post a Comment