Sandiwara

Sandiwara
   Sandiwara yaiku karangan nggambarake panguripan lan wewateking manungsa sajroning tumindak kang dipentasake ana ing Pirang-pirang babak. Seni sandiwara asring diarani Seni teater. 
    Sejarah sandiwara minangka tontonan wis ana wiwit jaman biyen. Simbah buyute dhewe wis nindakake sandiwara wiwit ewonan taun kapungkur. Bukti tinulis kang bisa di dadekake bukti kang bisa diugemi ndhungkap menawa sandiwara wis ana wiwit abad kalima sadurunge masehi. 
     Jenis jenis sandiwara Gumantung dasar kang digubakake. Ing sajroning sandiwara, biasane digunakake telung dasar, yaiku: adhedasar anggone nyajekake lakon sandiwara, adhedasar sarana, lan adhedasar anane naskah sandiwara. 

Adhedasar anggone nyajekake lakon, sandiwara bisa kaperang dadi 8 jenis, yaiku

  • Tragedi : sandiwara kang kebak dhuhkita(sedih) 
  • Komedi : sandiwara kang isine lucu
  • Trage komedi : sandiwara kang isine campuran antarane sandiwara tragedi lan komedi
  • Opera : sandiwara kang dialog dinyanyekake kanthi iringan musik
  • Melodrama : sandiwara kang dialog diucapake kanthi di iringi Melodi/ musik
  • Farce : sandiwara kang saemper dagelan, nanging ora Persis dagelan
  • Tablo : jenis sandiwara kang ngepenakake solah bawa. Ngucapake dialog, nanging mung nindakake solah bawa. 
  • Sendratari : gabung an antara Seni sandiwara (drama) lan Seni tari

Adhedasar sarana pementasane, jenis sandiwara kaperang dadi:


  • Sandiwara panggung : sandiwara kang dimainke dening para aktor ing panggung
  • Sandiwara radio : sandiwara radio ora bisa dideleng lan didemek nanging mung biso dimirengake dening para pamirenge
  • Sandiwara televisi : meh podo karo sandiwara panggung, mung bedane sandiwara televisi ora bisa di demek
  • Sandiwara film : sandiwara film nggunakake layar amba lan lumrahe di tonton ing bioskop 
  • Sandiwara Wayang : sandiwara kang diiringi pagelaran wayang
  • Sandiwara boneka : para tokoh sandiwara digambarake kanthi boneka kang dimainke deneng piran piran wong. 


Unsur unsur sandiwara yaiku:
  1. Tema
  2. Alur
  3. Tokoh
  4. Watak
  5. Latar
  6. Amanat. 


Comments

Post a Comment